MUNTAB MARANG KASANGSARAN, BURUH DHEMO


MANTEB.com - Puluhan buruh Karanganyar kang manunggal jrone wadhah konfederasi serikat pekerja indonesia KSPI nggelar aksi unjuk rasa ing ngarep rumah dinas bupati. Beda karo aksi liyane samengko buruh nyritakake rasa muntabe marang kasang saran urip amarga blanja kang sethithik satemah duwe pit montor wae ora tau ganti.
Amarga muntab jalaran ora ana owah-owahan puluhan buruh Karanganyar nelakake kasangsaraning uripe kanthi simbolis lumantar montor lawas ing aksi demo kang digelar ing ngarep rumah dinas bupati. Kanthi princi para buruh nelakake upah minimum kabupaten umk kang mung 896 ewu rupiah saben sasi. Blanja kang semono kuwi ora bisa kanggo nyukupi kabutuhan saben dinane. Kanggo mangan wae pas-pasan apa maneh kanggo tuku pulsa. Mula iku buruh ora bisa tuku pit montor anyar.
Ing aksine salah sijine buruh mratelakaken wis nganggo pit motor lawas gaweyan tahun 1982 kuwi wae dituku watara 10 tahun kepungkur lan nagnti seprene ora kuwat tuku montor anyar amarga UMK mung cukup kanggo mangan. Mula buruh njaluk supaya pemkab karanganyar ngusulake blanja sak ora-orane 1,2 yuta. Sawetara iku kordinator dhemo saka KSPI, Eko Supriyanto nelakake wektu iki dheweke sakanca ngenteni pemda amrih mikirake buruh kang uga minangka warga Karanganyar. Diakoni utawa ora sistem out sourching pancen ngrugekake para buruh. (Benny Suryono - Karanganyar) (manteb.com )

Komentar

Postingan populer dari blog ini

“711” Memaknai Pitulungan Dan Kawelasan (?)

SELAMAT DATANG DI FSP KEP KSPI KARANGANYAR

IKRAR FSP KEP